Artikel Kategori // Buku
KEWAN SING ANGKUH
Ning njero alas ono kewan loro, jenenge kethek karo wedhus, wedhus iku pinter lan meneng gak koyo kethek sing awake gedhe, angkuh lan ora di senengi karo konco-koncone.
Ing sak wijine dino wedhus lunguh ning nisore wit sing gedhe, gak sengojo ono kethek liwat nang ngarepe wedhus.
Ketheke nyopo Wedhuse ………
Kethek : “Hei Wedhus ono opo awakmu ning kene?”
Wedhus :”Aku mung liwat thok…, arep mulih”
Kethek : “Dhus…Dhus…, awakmu wani opo gak balapan mlayu karo aku?, mlayuku lho paling paling banter….”
Wedhus: “Wani seeh….., tapi ojo saiki yo Kethek, aku mau wis di peseni karo Mak ku, ora oleh dolan suwe-suwe di kongkon cepetan mulih”
Kethek : “Yo wes, nek ngono mene ae yow balapan mlayune, tak enteni jam pitu isuk ning ngisore wit ringin yo…..?”
Wedhus: “Yow is , aku tak mulih dhisik…..”
Sesuk ‘e jam pitu isuk Kethek wis ngenteni Wedhus ning ngisore wit ringin karo mangan suket. Si Wedhus ngomong dhewe karo ngomel-ngomel……….
Kethek : “Nang endhi Wedhus iki, tak enteni kaet mau kok gak teko-teko…..?”
(Gak suwe si Wedhus teko marani si Kethek)
Wedhus: “Hei…. Kethek, wis suwe ta ngenteni aku?”
Kethek : “Kowe wing ngomong atene balapan mlayu karo aku, sido opo gak?”
Wedhus: “Yo, aku tak sarapan dhisek yo Kethek …”
(Si Wedhus mangan suket, sampe’ Kancil kewareken trus glege’en…… heeeeeiiiiiikkkk…)
Wedhus : “Wis ayo Kethek, aku wis siap saiki”
Kethek : “Yow is ayo tak itung yo… siji…. loro….telu…..”
(Kethek mlayu banter, Wedhus sing ning mburine Kethek)
(Saking kesele Kethek leren karo ndelok ingak inguk ngoleki Wedhus sing durung ketoro irunge. Akhire Kethek keturon ning ngisore wit, lan nganti saking pules’e turu Kethek sampek ngorok…ngorok)
Gak suwe Wedhus liwat karo mlayu banter sampek Wedhus menang, tapi Kethek gak ngerti amergo Kethek isih turu, gak suwe Kethek tangi trus kaget yen ngerti Wedhus sing menang.
Wedhus: “Yo salahe dhewe awakmu turu ae, yo tak tinggal lho….”
Kethek : “Yo wis nek ngono, selamat yo Dhus…awakmu sing menang, sepurane yo Dhus… awakmu ancen’e kewan sing apik”
Wedhus: “Yo podo-podo… saiki awakmu karo aku koncoan ae, gak usah musuhan!”
Kethek : “Iyo ….Dhus…!”
Teko ceritane bu guru mau bocah-bocah gak oleh nduweni sifat sing angkuh…..
Artikel Terkait
Hanya satu komentar pada "DONGENG DALAM BAHASA JAWA “KEWAN SING ANGKUH”"
Anda harus login untuk berkomentar. Login Sekarang
Penulis Lainnya

Aby brrq
Penulis ini masih malu-malu menuliskan sedikit tentang Biografinya- Beginilah Sigra Dibuat 25 August 2016 - 07:47
- Beginilah Proses Pembuatan Daihatsu Sigra 25 August 2016 - 05:09
- Interor Mobil Sigra Yang Membuat Anda Terpana 23 August 2016 - 07:34
Komentar Terbaru
- Etos Kerja Guru PNS yang Buruk 8 Tahun yang lalu
- Cetak Kartu Digital NUPTK/PegID 8 Tahun yang lalu
- Bangga memiliki email user@madrasah.id 7 Tahun yang lalu
- Syarat Mengikuti Verval Inpassing 6 Tahun yang lalu
- KITAB SIAP PADAMU NEGERI v1.0 8 Tahun yang lalu
Kategori
- Lain-Lain (979)
- Pendidikan (439)
- Informasi Umum (359)
- Opini & Ide (218)
- Tips & Trik (191)
- Teknologi (87)
- Internet & Media Sosial (80)
Kaitan Populer
SUDARMADI
|top…